Kamis, 20 Juni 2013

Cerpen Bahasa Jawa

Hai Angeeell, kangeeeeen *big hug* ({})

Udah lama banget nih aku nggak nge-post ke kamu, sampai-sampai kamu berdebu gini.. duuh, kasiaan.. sini, aku bersihin *ambil kemoceng*


Maaf, lagi nggak minat + terlalu sibuk buat nulis *ceilee*

Daripada postingan aku berhenti di sini aja, sekarang aku mau post tugas ngarang cerpen bahasa Jawa punya aku aja ya.. tapi jangan ketawa deh kalo bahasa Jawaku masih rada campuran, hehe..

kali aja berguna ^^/



 Esti, Aku Njaluk Ngapura





            Jenengku Ningrum. Ing kelas 11 iki, aku duwe kanca. Jenenge Esti. Sanajan saka keluarga ora sugih, ananging bocahe ayu, pinter, lan eseme kang manis saben dina sumebar ing kelas. Kanca-kanca sakelas seneng marang kancaku kang siji iki. Jenenge uga wis diapal marang kabeh guru ing SMA Negeri 70, sekolahku, amarga Esti wis kerep maju dadi wakil sekolah ing Olimpiade Matematika, mulai saka tingkat kabupaten, nganti wis tekan tingkat nasional. Lan saka kabeh olimpiade iku, Esti mesti entuk juara 1 utawa 2, nanging ing tingkat nasional amung entuk juara 3. Piala-piala, piagam, sarta duwit hadiah wis akeh kang ditampa. Deweke uga entuk beasiswa saka donatur amarga kepinterane. Pas kelas 1 semester 2 kepungkur, Esti wis nandatangani surat perjanjian kang isine syarat saka beasiswa iku, yaiku beasiswa bakal dicabut yen biji-bijine Esti mudun. Nganti saiki Esti isih nyangguhi syarat mau. Biji-bijine ora tau kurang saka 85. Wah, yen aku sing entuk syarat kaya ngono, mesti beasiswa iku langsung dicabut pas minggu pertama.

“Ning, koe gelem ngancani aku mengko bali sekolah?” takone Esti kang lungguh semeja karo aku pas jam istirahat pertama.

Aku mengo. “Hm? Ngancani nang endi?”

“Aku pingin golek kado gawe adikku kang lagi ulang tahun. Mumpung aku isih duwe duwit simpenan.”

Aku mikir, bali sekolah mesti lagi panas-panase. Kesel. Sumpek. Apa meneh akeh PR gawe sesuk. “Njaluk ngapura ya, aku ora bisa ngancani. Aku kudu langsung bali.”

“Ooh, ya wis. Ora apa-apa,” jawabe Esti tanpa takon alesane aku ora gelem ngancani.

Bali sekolah, aku karo Esti mlaku bareng nganti gerbang sekolah. Banjur Esti nyebrang dalan lan aku mlebu ing mobilku. Aku nyawang Esti kang lagi nyegat kopata lan mlebu, nganti kopata mau wis mlaku meneh. Mobilku durung mlaku. Ora ngerti kenapa, atiku ngerasa ora penak yen mikirke Esti. Nganti 5 menit aku meneng ing mburi setir. Akhire aku bali. Atiku isih ora penak.

Jam 7 bengi, pas aku lagi arep garap PR, jebule ana buku tulise Esti kang katut ing tasku. Amarga Esti ora duwe handphone, aku ora bisa ngabari. Esti. Ujug-ujug atiku ora penak maneh nalika jeneng iku mlebu ing pikiranku.

Esuke, aku mangkat gasik banget, ora sabar ketemu kanca semejaku, lan arep njaluk ngapura marang deweke. Durung ana sapa-sapa ing kelas. Aku lungguh karo bola-bali mengo ing lawang kelas yen ana bocah mlebu. Dudu Esti. Dudu Esti. Dudu Esti. Kabeh dudu Esti. Deweke durung tekan kelas nganti bel mlebu wis muni. Rasane pingin nangis. Atiku tambah ora kepenak. Esti nang endi? Kenapa ora mlebu? Apa deweke telat? Nanging Esti iku bocah kang biasane mangkat paling gasik.

Pak Warno, wali kelasku, ujug-ujug mlebu ing kelas.

“Ana kabar duka.”

DEG!! Atiku mencelos sakdurunge krungu apa kabar dukane. Muga-muga dudu Esti. Muga-muga Esti pancen telat. Muga-muga deweke ra kenapa-napa. Muga-muga...

“Esti wingi kecelakaan nalika bali sekolah,” ngendikane Pak Warno.

Eluhku netes tanpa ngerti kabar saklebare. Aku wis ora krungu maneh suarane Pak Warno. Aku nangis gugruk ing meja. Ana kang lungguh ing jejerku, ing bangkune Esti kang kosong.

“Ningrum?” Samar-samar aku krungu suarane Pak Warno ing jejerku. “.... tilik Esti... ora.... aja nangis.... kenapa....” Pangandikane Pak Warno ora jelas ing kupingku. Amung sithik-sithik kang bisa mlebu ing sirahku. “Ayo tilik Esti.”

Aku wis nyoba supaya ora nangis, nanging eluhku tetep netes tekan ing rumah sakit. Amarga aku kanca semeja lan kanca paling cepak, aku karo Pak Warno mlebu paling pertama ing kamar panggonane Esti dirawat. Ing njero, ana wong tuwane Esti. Sakwetara iku, Esti turu anteng ing kasur. Aku mrinding dewe lan pingin nangis maneh pas weruh Esti merem, anteng, lan awake kebak perban lan slang-slang kan ora ngerti gawe opo. Aku mlaku nyepak. Kaku. Banjur mandeg ing jejer kasur.

“Esti?” Aku krungu suaraku serak. “Esti, iki aku.”

“Esti koma.”

Koma?! Aku kaget. Esti koma?? Ya Allah. Apa iki alesane atiku ora penak wingi?

“Deweke ketabrak mobil pas arep nyebrang. Sirahe kena aspal. Banjur...”

Wegah! Aku ra kuat! Aku ra kuat krungu kabar duka iki! Aku ra kuat mbayangke Esti ketabrak mobil! Aku nutup kuping rapet-rapet. Wegah krungu kabar apa-apa maneh. Dina iku aku banjur ijin sekolah. Aku bali menyang omah saklebare tilik Esti ing rumah sakit. Ana omah, aku amung bisa nangis.

“Esti... aku... njaluk ngapura...” ujarku karo nangis nganti bantalku teles.

Gara-gara aku Esti kecelakaan. Gara-gara aku Esti koma. Ya Allah, aku njaluk ngapura. Kudune wingi aku ngancani Esti. Kudune wingi aku.... Akh!! Aku dadi mangkel marang awakku dewe.

Esuke, bali sekolah, kanca-kanca sekelasku tilik Esti maneh. Karepku aku ora bakal melu. Ora kuat weruh Esti kang amung turu anteng ing kasur. Nanging kanca-kancaku meksa.

Tekan Rumah Sakit Pelita, ora dinyana Esti wis tangi! Aku seneng banget. Ananging, kabeh iki ora segampang pikiranku.

“Koe... sapa?” takone Esti karo nyawang aku. Matane lugu. Ora ngerti yen jantungku kaya mandeg nalika krungu pitakonane. Kanca sekelas uga bingung.

“Esti kena amnesia sebagian,” pangandikane bapake Esti. “Esti ora bisa kelingan apa kang wis kedadean 2 tahun terakhir iki. Deweke... ora bisa kelingan marang kanca-kanca SMA.”

Amnesia? Wingi koma... banjur saiki amnesia? Astaghfirullah...

“Esti...” Aku mulai nangis. “Esti.. aku Ningrum.” Esti malah bingung weruh aku nangis. “Esti... aku... njaluk ngapura...”

Ora ngerti apa kang bakal kedadean saklebare, ora ngerti aku kudu piye saklebare, aku amung bisa njaluk ngapura marang Esti. Muga-muga amnesiane ora permanen. Muga-muga Esti bisa kelingan maneh. Muga-muga kabeh bisa mbalik kaya mbiyen maneh.
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar