Hai Angeeell, kangeeeeen *big hug* ({})
Udah lama banget nih aku nggak nge-post ke kamu, sampai-sampai kamu berdebu gini.. duuh, kasiaan.. sini, aku bersihin *ambil kemoceng*
Maaf, lagi nggak minat + terlalu sibuk buat nulis *ceilee*
Daripada postingan aku berhenti di sini aja, sekarang aku mau post tugas ngarang cerpen bahasa Jawa punya aku aja ya.. tapi jangan ketawa deh kalo bahasa Jawaku masih rada campuran, hehe..
kali aja berguna ^^/
Udah lama banget nih aku nggak nge-post ke kamu, sampai-sampai kamu berdebu gini.. duuh, kasiaan.. sini, aku bersihin *ambil kemoceng*
Maaf, lagi nggak minat + terlalu sibuk buat nulis *ceilee*
Daripada postingan aku berhenti di sini aja, sekarang aku mau post tugas ngarang cerpen bahasa Jawa punya aku aja ya.. tapi jangan ketawa deh kalo bahasa Jawaku masih rada campuran, hehe..
kali aja berguna ^^/
Esti, Aku Njaluk Ngapura
Jenengku Ningrum. Ing kelas 11 iki,
aku duwe kanca. Jenenge Esti. Sanajan saka keluarga ora sugih, ananging bocahe
ayu, pinter, lan eseme kang manis saben dina sumebar ing kelas. Kanca-kanca sakelas
seneng marang kancaku kang siji iki. Jenenge uga wis diapal marang kabeh guru
ing SMA Negeri 70, sekolahku, amarga Esti wis kerep maju dadi wakil sekolah ing
Olimpiade Matematika, mulai saka tingkat kabupaten, nganti wis tekan tingkat
nasional. Lan saka kabeh olimpiade iku, Esti mesti entuk juara 1 utawa 2,
nanging ing tingkat nasional amung entuk juara 3. Piala-piala, piagam, sarta
duwit hadiah wis akeh kang ditampa. Deweke uga entuk beasiswa saka donatur
amarga kepinterane. Pas kelas 1 semester 2 kepungkur, Esti wis nandatangani
surat perjanjian kang isine syarat saka beasiswa iku, yaiku beasiswa bakal
dicabut yen biji-bijine Esti mudun. Nganti saiki Esti isih nyangguhi syarat
mau. Biji-bijine ora tau kurang saka 85. Wah, yen aku sing entuk syarat kaya
ngono, mesti beasiswa iku langsung dicabut pas minggu pertama.
“Ning,
koe gelem ngancani aku mengko bali sekolah?” takone Esti kang lungguh semeja
karo aku pas jam istirahat pertama.
Aku
mengo. “Hm? Ngancani nang endi?”
“Aku
pingin golek kado gawe adikku kang lagi ulang tahun. Mumpung aku isih duwe
duwit simpenan.”
Aku
mikir, bali sekolah mesti lagi panas-panase. Kesel. Sumpek. Apa meneh akeh PR
gawe sesuk. “Njaluk ngapura ya, aku ora bisa ngancani. Aku kudu langsung bali.”
“Ooh,
ya wis. Ora apa-apa,” jawabe Esti tanpa takon alesane aku ora gelem ngancani.
Bali
sekolah, aku karo Esti mlaku bareng nganti gerbang sekolah. Banjur Esti
nyebrang dalan lan aku mlebu ing mobilku. Aku nyawang Esti kang lagi nyegat
kopata lan mlebu, nganti kopata mau wis mlaku meneh. Mobilku durung mlaku. Ora
ngerti kenapa, atiku ngerasa ora penak yen mikirke Esti. Nganti 5 menit aku
meneng ing mburi setir. Akhire aku bali. Atiku isih ora penak.
Jam
7 bengi, pas aku lagi arep garap PR, jebule ana buku tulise Esti kang katut ing
tasku. Amarga Esti ora duwe handphone,
aku ora bisa ngabari. Esti. Ujug-ujug atiku ora penak maneh nalika jeneng iku
mlebu ing pikiranku.
Esuke,
aku mangkat gasik banget, ora sabar ketemu kanca semejaku, lan arep njaluk
ngapura marang deweke. Durung ana sapa-sapa ing kelas. Aku lungguh karo
bola-bali mengo ing lawang kelas yen ana bocah mlebu. Dudu Esti. Dudu Esti.
Dudu Esti. Kabeh dudu Esti. Deweke durung tekan kelas nganti bel mlebu wis
muni. Rasane pingin nangis. Atiku tambah ora kepenak. Esti nang endi? Kenapa ora
mlebu? Apa deweke telat? Nanging Esti iku bocah kang biasane mangkat paling
gasik.
Pak
Warno, wali kelasku, ujug-ujug mlebu ing kelas.
“Ana
kabar duka.”
DEG!!
Atiku mencelos sakdurunge krungu apa kabar dukane. Muga-muga dudu Esti.
Muga-muga Esti pancen telat. Muga-muga deweke ra kenapa-napa. Muga-muga...
“Esti
wingi kecelakaan nalika bali sekolah,” ngendikane Pak Warno.
Eluhku
netes tanpa ngerti kabar saklebare. Aku wis ora krungu maneh suarane Pak Warno.
Aku nangis gugruk ing meja. Ana kang lungguh ing jejerku, ing bangkune Esti
kang kosong.
“Ningrum?”
Samar-samar aku krungu suarane Pak Warno ing jejerku. “.... tilik Esti...
ora.... aja nangis.... kenapa....” Pangandikane Pak Warno ora jelas ing
kupingku. Amung sithik-sithik kang bisa mlebu ing sirahku. “Ayo tilik Esti.”
Aku
wis nyoba supaya ora nangis, nanging eluhku tetep netes tekan ing rumah sakit.
Amarga aku kanca semeja lan kanca paling cepak, aku karo Pak Warno mlebu paling
pertama ing kamar panggonane Esti dirawat. Ing njero, ana wong tuwane Esti.
Sakwetara iku, Esti turu anteng ing kasur. Aku mrinding dewe lan pingin nangis
maneh pas weruh Esti merem, anteng, lan awake kebak perban lan slang-slang kan
ora ngerti gawe opo. Aku mlaku nyepak. Kaku. Banjur mandeg ing jejer kasur.
“Esti?”
Aku krungu suaraku serak. “Esti, iki aku.”
“Esti
koma.”
Koma?!
Aku kaget. Esti koma?? Ya Allah. Apa iki alesane atiku ora penak wingi?
“Deweke
ketabrak mobil pas arep nyebrang. Sirahe kena aspal. Banjur...”
Wegah!
Aku ra kuat! Aku ra kuat krungu kabar duka iki! Aku ra kuat mbayangke Esti
ketabrak mobil! Aku nutup kuping rapet-rapet. Wegah krungu kabar apa-apa maneh.
Dina iku aku banjur ijin sekolah. Aku bali menyang omah saklebare tilik Esti
ing rumah sakit. Ana omah, aku amung bisa nangis.
“Esti...
aku... njaluk ngapura...” ujarku karo nangis nganti bantalku teles.
Gara-gara
aku Esti kecelakaan. Gara-gara aku Esti koma. Ya Allah, aku njaluk ngapura.
Kudune wingi aku ngancani Esti. Kudune wingi aku.... Akh!! Aku dadi mangkel
marang awakku dewe.
Esuke,
bali sekolah, kanca-kanca sekelasku tilik Esti maneh. Karepku aku ora bakal
melu. Ora kuat weruh Esti kang amung turu anteng ing kasur. Nanging
kanca-kancaku meksa.
Tekan
Rumah Sakit Pelita, ora dinyana Esti wis tangi! Aku seneng banget. Ananging,
kabeh iki ora segampang pikiranku.
“Koe...
sapa?” takone Esti karo nyawang aku. Matane lugu. Ora ngerti yen jantungku kaya
mandeg nalika krungu pitakonane. Kanca sekelas uga bingung.
“Esti
kena amnesia sebagian,” pangandikane bapake Esti. “Esti ora bisa kelingan apa
kang wis kedadean 2 tahun terakhir iki. Deweke... ora bisa kelingan marang
kanca-kanca SMA.”
Amnesia?
Wingi koma... banjur saiki amnesia? Astaghfirullah...
“Esti...”
Aku mulai nangis. “Esti.. aku Ningrum.” Esti malah bingung weruh aku nangis.
“Esti... aku... njaluk ngapura...”
Ora
ngerti apa kang bakal kedadean saklebare, ora ngerti aku kudu piye saklebare,
aku amung bisa njaluk ngapura marang Esti. Muga-muga amnesiane ora permanen.
Muga-muga Esti bisa kelingan maneh. Muga-muga kabeh bisa mbalik kaya mbiyen
maneh.